Tuesday 11 January 2011

*** SUGENG RAWUH ***

Esthining manah panembah kula namung dhumateng ngarsaning Gusti Kang Akarya Jagad ingkang mengku saliring papadhang tansah ambubuhi sagunging tusnuwuh lan ngreksa sagunging dumadi. Sumangga sami hanenuwun murih kasembadaning sedya ingkang utami sageda tata titi tentrem karta raharja sarta tinebihna saking sadaya panyeluding wisayaning ngagesang.

Para sutresna kabudhayan Jawi, Bilih blog SATOESISI punika karacik, rinumpaka tuwin karipta boten namung mligi kangge nglempakaken kaweruh ulah kabatosan ingkang sinengker ing serat-serat Jawi kina titilaranipun para leluhur kita, nanging ugi saperlu kangge hangonceki basa sasandhining sadaya piwulang kalawau ginayuh sarana imbal wacana antawisipun kula lan panjenengan para maos.

Ewadene “perlu kawuningan bilih pun pangripta sanes ahli ing babagan pambabaring kawruh / ngelmi lan sastra Jawi kina” ingkang ukaranipun kathah ingkang kirang cetha maksud suraosipun, tlesihing panjarwa bab tembung-tembung ingkang pinanggih ing kitab-kitab Jawi kina punika ingkang boten kalimrah ing pasrawungan padintenan. Ananging sadaya piwulang Jawi ingkang tansah dinapur ing pralampita titilaranipun para leluhur kita punika kedah kababar malih murih sageda dipun wuningani punapa ingkang dados suraosipun saengga badhe migunani sarta ambrekahana ing akathah.

Panggelaring sadaya piwulang ingkang kawursita ing salebeting kitab-kitab kados dene Primbon tamtu wigatos sanget supados kita saged amanggihi usada ingkang sampun cetha wela-wela aben abenan lan tumanjanipun, dados boten sami kinen ambatang adeging cacangkriman malih. Manawi sampun kita jinggleng maksud suraosing sadaya piwulang kalawau, tamtu kita boten badhe sami rebah ing sekar cempaka, tansah winadungan, tinegoran, tinutuhan, lan kaprapalan erining pung secang, tegesipun amastani dhateng manungsa ingkang tanpa nindhakaken ing dugi prayogi, tanpa ngati-ati, surti tuwin riringa.

Hewadene anggenipun kita nyumerebi dhateng suraos tuwin maksudipun ukara ing salebeting piwulang wau, pamendhetipun kedah mawi pangot waja kanthi landheping panggraita, inggih punika papadhanging pangangen-angen. Kawontenanipun tiyang ingkang saweg nglamuri among urub bramaning kasengseman angobar-ngobaraken hawa nafsunipun, saestu boten angrewes dhateng sawarnaning piwulang sae arupi ulah kabatosan ingkang sinengker ing rerangkening ukara ingkang rinangkul ing saklebeting serat-serat Jawi kina punika.

Kosokwangsulipun rumaos eca lan sakeca yen anglampahi saliring pandamel ingkang sami nerak angger-angger tinarajang ing wewalering kasusilan tinebihna saking pawartos kabingahan. Ananging para ulah katentreman sakalangkung resep andulu dhateng para ingkang sami kalis saking babandaning hawanafsu ateges boten kapincut ing kabingahan kasugihan, kamukten lan saksaminipun. Dados gesangipun sampun boten kapurasa dening eca-sakeca tuwin bingah sisah, darbekipun namung tansah anglenggahi dhateng ulah katentreman.

Pangimpun sami nothol daya-daya kumawantun kepingin ndherek ambabar piwulang Kejawen ing pangajab sageda kabudhayan Jawi ingkang hadiluhung punika saged kondhang kaonang-onang ing saindhenging jagad nata. Ing wusana, mugi berandawarta SATOESISI punika wonten pigunanipun lan boten badhe andadosaken iba kuciwaning penggalih panjenengan sadaya. Suwun


satoesisi

11 comments:

  1. salam kenal gan. tolong di share tukar link gan.thanks.

    ReplyDelete
  2. sy share link di pm kang satoesisi.matur nuwun.

    ReplyDelete
  3. trenyuh setelah membaca artikel pd blog ini secara garis besarnya kita ternyata hny satu dan kecil. maju trs satoesisi sy tggu postingan2 berikutny.salam knl jangkaru kaltim.thanks

    ReplyDelete
  4. ditunggu posting2 update terbaru mas.slm hendy -panarukan

    ReplyDelete
  5. satoesisi go..go...go.....!!!

    ReplyDelete
  6. satoesisi mana potingan terbarunya?ditunggu postingan sisi2 yg lainnya.ok maju rs satoesisi!

    ReplyDelete
  7. kulonuwun..assalamualaikum.

    ReplyDelete
  8. walaikum salam. monggo...trma ksh untuk dukungannya slama ini maaf br bs bls krn br sempat googling.hee...trm ksh smuanya..salam satoesisi satoehatie sllu...

    ReplyDelete
  9. hi p.ndrix bu eka nih...heeee

    ReplyDelete